Bledhug Kuwu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bledhug Kuwu iku kawah blethok (mud volcanoes) kang dumunung ing désa Kuwu, Kacamatan Kradènan, Kabupatèn Grobogan, Provinsi Jawa Tengah. Papan iki bisa ditempuh kurang luwih 28 km mangétan saka kutha Purwadadi. Bledhug Kuwu minangka salah siji obyek wisata andalan ing laladan iki, saliyané sumber geni abadi Mrapèn, lan Wadhuk Kedungombo. Obyèk kang narik kawigatèn saka bledhug iki ya iku jeblugan-jeblugan blethok kang ngandhut uyah lan terus-terusan, saben 2 utawa 3 menit.