Gandhéwa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gandhéwa utawa gendhéwa yaiku wilahan kayu utawa pring mawa sendheng dianggo nglepasake panah/jemparing, nganggo kakuwatan elastisitas saka gandhéwa iku dhéwé.[1] Lumrahé piranti iki digunakaké kanggo bebedhag lan ana ing jaman biyèn uga dipigunakaké kanggo perang.[1] Saliyané iku piranti iki uga minangka sarana ulah raga panahan.[1] Desain ssaka panah kadayan déning kabudayan lan jaman nalika abrak iku digawé.[1] Desain panah kang paling umum kang digunakaké déning bangsa bangsa ana ing jaman dhisik yaiku kayu (racaké digunakaké déning Bangsa Inggris Kuna) lan kombinasi kayu-balung (racaké digunakaké déning Bangsa Asia Kuna).[1] Ing jaman saiki bahan kanggo gawé gandhéwa yaiku modifikasi saka bahan plastik, karbon, material sintetik utawa bahan campuran.[1] Wong kang nganggo panah dijenengi pemanah.[1]