Gejiba
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gejiba utawi Res-res poh ya iku jeneng umum kanggo kéwan éwoning moluska tanpa thothok, utawa mawa thothok cilik, utawa mawa thothok njero cilik. Kéwan iki uga diarani "bekicot tanpa omah" amarga tanpa omah kaya bekicot lumrahé. Kajaba ing tlatah, kéwan iki uga tinemu sajeroning sagara, nanging mawa pawakan luwih gedhé.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah ...
Gejiba | |
---|---|
Pira-pira jinisé gejiba | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Mollusca |
Klas: | Gastropoda |
Famili: | Onchidiacea, Soleolifera, Sigmurethra |
Tutup
Pérangan awak saka gejiba wujud saka banyu lan tanpa thothok. Kanggo njaga kaanan awake, gejiba duwé yiyid (lendir) kang tansah teles ing awak sakojur. Sapérangan spésies mung aktif nalikane sawisé udan ing lemah kang teles. Nalikane katiga, ndhelik ana ing papan kang lembab kaya ta ngisor kayu lan watu kanggo njaga kalembaban.