Kedharuratan mèdhis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kedharuratan mèdhis iku cawang èlmu kadhokteran sing dipraktèkaké ing siji unit gawat dharurat rumah sakit, lan ing papan liyané ing ngendi ana pitulung pisanan marang siji lelara diperlokaké.
Kedharuratan mèdhis fokus marang diagnosis lan pangobatan lelara akut lan cidra sing merlokaké tindakan rikat. Sanadyan babagan iki ora mènèhi perawatan jangka panjang, dhokter-dhokter ahli bisa mi pelayanan sabanjuré marang pasien kanthi kasus-kasus tinamtu.
Kedharuratan mhis tuwuh saka kadhokteran umum lan nyakup cawang kadhokteran liyané, kaya èlmu bedhah. Dhokter ahli kudu nguwasani tata cara pambedhahan, resusitasi trauma, panylametan urip liwat jantung lan pernapasan lanjut. Saliyané iku, dhokter perlu uga dijangkepi karo kemampuan anestesi, bedhah plastik, nangani serangan jantung lan liyané sajeroning èlmu lelara njero, nangani pasien ngandhut dharurat, lan nangani kasus mimisen utawa epistaksis.