Mitologi Romawi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mitologi Romawi iku kumpulan legéndha Romawi ngenani déwa-dèwi Romawi kang kasebar liwat tradhisi lésan. Mitologi iki duwé pepadhan karo mitologi Yunani, mligi ngenani mitologi babagan para déwa.
Akèh-akèhé déwa Romawi digambaraké kaya manungsa, dilairaké nanging ora dadi tuwa, kebal, bisa ngilang, lan saben déwa duwé karakteristik dhéwé-dhéwé. Amarga saka iku, para déwa uga duwé jeneng sesebutan tumrap saben karakter kang bisa punjul siji.