Uji coba kéwan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Uji coba kéwan ya iku kagiyatan kang migunakaké kéwan-kéwan dadi obyèk kanggo nglakokaké tès uji coba produk-produk kang digawé déning manungsa sadurungé produk kuwi mau didol ing pasaran. Kéwan-kéwan kang biyasané digunakaké kanggo uji coba ya iku kéwan mamalia kang nduwé pigmèn padha karo manungsa. Kéwan-kéwan kang digunakaké uga bisa tanggap lan bébas saka penyakit-penyakit. Uji coba kéwan iki kanggo nguji kalayakan lan keamanan prodhuk-prodhuk.[1] Biyasané, kéwan-kéwan iki digunakaké kanggo uji coba kosmètik sadurungé didol lan dianggo déning manungsa. Saliyané kuwi, uji coba kéwan uga digunakaké kanggo nemokaké obat-obat kanggo penyakit. Miturut British Royal Society, dhèwèké padha nyengkuyung kagiyatan uji coba kéwan amarga panggayuhan mèdhis ing abad 20 iki gumantung karo uji coba kéwan.[2] Kéwan kang dugunakaké saben taun, kaya ta kéwan vertebrata (kalebu kéwan primata). Kéwan kang digunakaké kanggo uji coba saben taun bisa luwih saka 100 yuta kéwan. Ing Uni Éropa 93% vertebrata digunakaké kanggo panelitèn. Taun 2001, ing Amérika Sarékat, tikus kang cacahé 80 juta digunakaké kanggo panelitèn. Saliyané kuwi 85% kéwan uga ana iwak, kéwan amfibi, lan rèptil.[3]