Beksan Topèng
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jogèd Topèng inggih punika jogèdan ingkang penarinipun ngagem topéng. Topéng sampun wonten ing Indonesia wiwit jaman pra-sajarah. Kanthi jembar dipun-ginakaken ing jogèd ingkang dados péranganing upacara adat utawi panyariosan malih cariyos-cariyos kuna saking para leluhur. Dipunyakini bilih topeng gegayutan caket kaliyan roh-roh leluhur ingkang dipunanggep minangka interpretasi déwa-déwa. Ing manéka suku, topéng taksih pengias manéka kagiyatan seni lan adat saben dintenipun.[1]
Cariyos klasik Ramayana lan cariyos Panji ingkang ngrembaka wiwit atusan taun kapengker dados inspirasi utama wonten ing penciptaan topeng ing Jawa. Topeng-topeng ing Jawa dipundamel saperlupementasan sendratari ingkang nyariosakken kisah-kisah klasik mau.[1]
Jogèd Topeng saged ngrujuk tumuju ing manéka wujud kesenian: