Challenger
From Wikipedia, the free encyclopedia
Challenger iku montor mabur ulang-alik NASA kang kaloro. Paluncuran perdhanané dumadi nalika tanggal 4 April 1983. Montor mabur iki tau nglakoni misi kaping 9 sadurungé akiré remuk ing detik angka 73 paluncuran kanggo misiné kang kasepuluh lan niwasaké kabèh awak montor mabur kang gunggungé pitu wong nalika tanggal 28 Januari 1986. Challenger digantèkaké déning montor mabur Endeavour kang nglakokaké paluncuran perdhanané nalika taun 1992, enem taun sawisé musibah.