Diyarbakır
From Wikipedia, the free encyclopedia
Diyarbakır (Kurdhi: Amed)[3][4][5] iku salah sawijining kutha kang paling gedhé ing Turki Kidul-Wétan. Kutha iki dumunung ana ing pinggiring Kali Tigris, lan mujudaké kutha krajan administratifé Provinsi Diyarbakır. Kanthi gunggung cacah jjiwa kang diwatara ngancik 930.000 wong, kutha kasebut mujudaké kutha kaloro kang paling Wewengkon Anatolia Kidul-Wetané Turki, sawisé Gaziantep.
Sunyata Rikat Nagara, Wewengkon ...
Diyarbakır | |
---|---|
Kutha métropolitan | |
Kiwa ndhuwur: Masjid Ali Pasha, Tengen ndhuwur: Masjid Nebi, Gambar kaloro: Taman Seyrangeha, Gambar katelu kiwa: Masjid Dört Ayakli Minare, Gambar katelu tengen ndhuwur: Deriyê Çiyê, Gambar katelu tengen ngisor: Kreteg On Gözlü (utawa Kreteg Silvan), sandhuwuré Kali Tigris, Kiwa ngisor: Tèmbok Kuthané Diyarbakır, Tengen ngisor: Gazi Köşkü (Baléné Vèteran) | |
Wewengkoné Diyarbakır ing Turki | |
Koordhinat: 37.91°N 40.24°E / 37.91; 40.24 | |
Nagara | Turki |
Wewengkon | Anatolia Kidul-Wétan |
Provinsi | Provinsi Diyarbakır |
Pamaréntahan | |
• Walikutha | Cumali Atilla (Walikutha kapatah déning praja[1]) |
Élepasi | 675 m (2,215 ft) |
Cacah warga (2013)[2] | |
• Kutha métropolitan | 930,266 |
• Métro | 1,300,000 |
Zona wektu | FET (UTC+3) |
Kodhe pos | 21x xx |
Kodhe laladan | (0090)+ 412 |
Plat nomer | 21 |
Situs wèb | www.diyarbakir-bld.gov.tr |
Tutup
Diyarbakir dianggep minangkka kutha krajan kang ora resmi saka Kurdhistan Turki.[6][7][8][9][10] Kutha kasebut wis dadi punjeré konflik antarané pamaréntah Turki karo ontran-ontran Kurdhi.