Douglas Booth
From Wikipedia, the free encyclopedia
Douglas John Booth (lair 9 Juli 1993) iku sawjining aktor Inggris. Dhèwèké dadi kawentar sawisé maragakaké Boy George ing filem BBC Two Worried About the Boy (2010). Dhèwèké uga main ing gubahan BBC saka roman Great Expectations lan Christopher and His Kind (loro-loroné taun 2011).
Ing taun 2013, Booth mbintangi filem Romeo & Juliet gubahané Carlo Carlei. Ing taun 2015, dhèwèké main ing filem Jupiter Ascending sing disutradani para Wachowski. Banjur dhèwèké ya mèlu main ing Pride and Prejudice and Zombies (2016) lan Loving Vincent (2017).