Désa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Wewengkon administratif papréntahan Indonésia
Aksara Latin |
Désa (ꦢꦺꦯ), miturut dèfinisi universal, yaiku aglomerasi panggonan ing karang padésan (rural). Ing Indonésia, istilah désa iku kanggo wewengkon administratif ing Indonésia sing ana ing ngisoré kacamatan lan dipandégani déning Kepala Désa. Kepala Désa iku racaké diarani Lurah. Wiwit lumakuné otonomi laladan istilah désa bisa karan mawa jeneng liya, upamané ing Sumatra Kulon karan nagari, lan ing Papua lan Kutai Kulon, Kalimantan Wétan karan kampung. Semana uga kabèh istilah lan institusi ing désa bisa karan kanthi jeneng liya miturut karakteristik adat désa mau. Bab iki dadi pangaku lan pangajining pamaréntah marang mula buka lan adat enggonan.