Eurocopter EC225 Super Puma
From Wikipedia, the free encyclopedia
Eurocopter EC225 Super Puma MK II + inggih punika helikopter transport penumpang long-range ingkang dipunkembangaken déning Eurocopter minangka génerasi panerus wonten kaluwargi helikopter Super Puma. Helikopter punika gadhah mesin gandha lan saged mbekta 24 panumpang lan 2 petugas kabin, gumantung kaliyan konfigurasi pelanggan. Eurocopter EC225 Super Puma MK II + dipunpasaraken kanggé panumpang transportasi VIP lan misi pelayanan publik.
Pangembangan EC225 dipunumumaken déning Eurocopter ing wulan Juni 1998, kanthi prototipe ingkang kapisan nyobi penerbangan pisanan tanggal 27 November 2000. EC225 nampi sertifikat keslametan saking Badhan Keslametan Panerbangan Éropah ing wulan Juli 2004.