Évolusi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Évolusi dhasaré duwé teges prosès owah-owahan kang suwéné tinentu. Ing konteks biologi modhérn, évolusi tegesé owahé frekuensi gén ing siji populasi. Akumulasi owahé gen iki njalari dumadine owahé makluk kang urip. Éwadéné téyori evolusi mesthi diasosiasèké karo Charles Darwin, nanging sanyatané gagasan téyori évolusi wis berakar kawit jaman Aristoteles. Éwadéné mangkono, Darwin iku ilmuwan pisanan kang nyetusaké téyori évolusi sing wis akèh kaboktèkaké mapan ngadhepi test-test ilmiah ("scientific testing"). Tekan saiki, téyori évolusi Darwin kang dumadi amarga seleksi alam, iku téyori paling apik lan kemungkinan besar bakal tetep mangkono ing mangsa ngarep[1]