Franz Kafka
From Wikipedia, the free encyclopedia
Franz Kafka (3 Juli 1883-3 Juni 1924) yaiku salah siji panitra basa Jerman kang wigati. Kafka lair saka kulawarga Yahudi kelas manengah ing Praha, Ostenrik-Honggari (saiki ing Céko). Karya-karya wigatiné kalebu Die Verwandlung ("Owah-owahan" 1915), Der Process ("Prosès Pangadilan" 1925) lan Das Schloss ("Kastil" 1926).
Franz Kafka | |
---|---|
Lair | 3 Juli 1883 Praha, Ostenrik-Honggari (saiki Céko) |
Pati | 3 Juni 1924 Wina, Ostenrik |
Pakarya | Novèlis, cerpènis, pagawé asuransi, manajer pabrik, |
Bangsa | Yahudi-Bohémia (Ashkenazi) (Ostenrik-Hungaria) |
Obahan sastra | modèrenisme, èksistènsialisme, suréalisme, palopor dhasar saka réalisme magis |
Tandha tangan |
Nalika dhèwèké urip, kang ndunungi Praha akèhé nuturaké basa Céko, nanging uga ana kang ndunungi kang nuturaké basa Jerman. Pamilahan antarané kang ndunungi kang nuturaké basa Céko saka kang ndunungi kang nuturaké basa Jerman iku kadadèn, jalaran rong golongan iki padha-padha ndhedhesaké jatidhiri nasionalé dhéwé-dhéwé. Komunitas Yahudi kerepé posisiné ana antarané komunitas Céko lan komunitas panutur basa Jerman. Prakara iki temtuné ngakibataké Wong Yahudi lan mligi Kafka dadi kerep mikiraké posisi awaké dhéwé. Kafka dhéwé bisa baud nuturaké basa Jerman lan basa Céko, nanging basa Jerman dianggep basa ibuné.
Kafka kuliah minangka siji pangacara. Sawisé lulus studi ukum, dhèwèké olèh pagawéan ing siji perusahaan asuransi. Banjur dhèwèké nulis cerkak manawa préi. Salawasé urip, dhèwèké ngomèl genéya wektuné kanggo nglakoni klangenané kurang nyukupi. Dhèwèké getun pagawéyané kanggo golèk pangan utawa apa kang diarani Brotberuf (pagawéan golèk roti) iku nguras akèh wektuné. Kafka senengé nggegayut karo sanak saduluré saha kanca-kancané mawa nulis layang. Dhèwèké nulis atusan layang marang saduluré lan kanca-kanca wadoné kang raket. Sing tau nampa layangé ya iku bapakné, tunangané Felice Bauer lan adhiné wadon kang bontot, Ottla. Gegayutané marang bapakné rada njlimet lan prakara iki bisa dititèni ing karya tulisé. Dhèwèké uga ngalami kasangsaran batin déné idhèntitas Yahudiné. Dhèwèké rumangsa manawa prakara iki ora ana gandhèng-cènèngé karo awaké, sanadyan para kritikus padha débat apa latar wuriné minangka Wong Yahudi mangaribawani karya tulisé.