Internèt
From Wikipedia, the free encyclopedia
Manut basané, internèt (cekakan saka tembung 'inter-network') iku tegesé jaringan komputer kang kaubung ngliwati sawatara rerangkèn. Déné, nalika Internet (aksara 'I' murda/gedhé) iku artiné sistem komputer umum, kang kaubung ing tlatath global lan migunakaké TCP/IP dadi protokolé kanggo ijol-ijolan pakèt (packet switching communication protocol). rerangkèn internèt kang gedhé dhéwé dijenengi Internet. Cara ngubungaké rerangkèn kanthi tatacara kaya mangkéné iku dijenengî internetworking.