Jerman Wétan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jerman Wétan, utawa resminé Républik Dhémokratik Jerman (basa Jerman: Deutsche Dhémokratische Républik / DDR), iku nagara sosialis sing tau ana ing Jerman saka taun 1949 tekan taun 1990.
Katerangan liyané Républik Dhémokratik Jerman Deutsche Dhémokratische Républik ...
Républik Dhémokratik Jerman Deutsche Dhémokratische Républik | |||||
---|---|---|---|---|---|
| |||||
| |||||
Sesanti | Proletarier aller Länder, vereinigt Euch! (Para buruh ing donya, manunggala!) | ||||
Basa resmi | Basa Jerman | ||||
Kutha krajan | Berlin Wétan | ||||
Pamaréntah | Nagara sosialis | ||||
Wewengkon | 108.333 km² | ||||
Padunung – | 17.000.000 | ||||
Kapadhetan | 154/km² | ||||
Valuta | 1 Mark (Ostmark) = 100 Pfennig | ||||
Didegaké | 7 Oktober 1949 | ||||
Dibubaraké | 3 Oktober 1990 | ||||
Lagu kebangsaan | Auferstanden aus Ruinen (Bangkit saka Kehancuran) | ||||
Kodhe nagara | +37 (“Ora dianggo manèh”) | ||||
TLD | .dd ("Ora dianggo manèh") | ||||
Peta | |||||
Tutup
Diwangun tanggal 7 Oktober 1949, patang taun sawisé rampungé Perang Donya II, ing wewengkon pendhudhukan Uni Sovyèt amarga dorongan Uni Sovyèt. Sadurungé, tanggal 23 Mèi 1949, diwangun Républik Federal Jerman kanthi bantuwan telu Sakuthu Kulon ing wewengkon pendhudhukané.
Sawisé Révolusi Damai 1989/1990 lan pungkasané sosialisme ing Jerman Wétan, Volkskammer, sing kanggo sepisanan dipilih kanthi bébas, mutusaké kanggo nggabung karo Jerman Kulon. Kanthi Manunggalé manèh Jerman, nalika tanggal 3 Oktober 1990 rampung uga eksistensi Jerman Wétan.