Kembang majemuk
kembang / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kembang majemuk ya iku saklompok kuncup kembang kang karoncé ing siji ibu tangké kembang utawa ing sawijining tatanan tangké-tangké kembang kang luwih ngremit. Roncéan kembang jinis iki akèh macemé, saka cengkorongan lan kapadhetan tangké kembang,genepé pérangan-pérangan pandhukung, filotaksi (phyllotaxy), lan liya-liyané.
Susunan saka kembang majemuk iku uga umum karan kanthi istilah inflorescence utawa infloresens (inflorescence). Ing obrolan sadina-dina, sabagean inflorescence diarani minangka "kembang" (utawa sawijining variasi), mligi nalika struktur saka patemon utawa pati-pati saka kembangé kang cilik, kaya ta contoné kembang kenikir lan kembang saka klapa (kasebut mayang).