Los Angeles
From Wikipedia, the free encyclopedia
Los Angeles (IPA: /lɒˈsændʒəlɨs/wonten ing asa Inggris lan IPA: [loˈsaŋxeles] ing basa Spanyol) punika satunggiling kitha nomer kalih paling ageng ing praja California miturut cacahipun sing ndunungi.[1] Asring dipuncekak dados L.A. kémawon, kitha wau minangka kitha global donya kategori A[2] utawi alpha world city [3] Cacah pendudukipun 3.792.621 jiwa miturut Sensus Amérika serikat nalika taun 2010, kutha punika manggèn wonten ing saperanganipun California, kutha punika minangka kutha ingkang padet utawi rame urutan nomer kalih wonten ing Amérika Sarékat, sabibaripun kutha New York. Wiyaripun kutha punika dumugi 46.867 mil2 utawi 121.385.0 kilo mèter, manggèn wonten ing sisih leripun California. Tlatah Los Angeles–Long Beach–Santa Ana metropolitan punika gadhah kinten-kinten 13 yuta sing ndunungi.[4] Los Angeles ugi minangka kutha krajanipun Los Angeles County. Los Angeles dipunyasa ing taun 1781 déning gubernur Spanyol Felipe de Neve minangka El Pueblo de Nuestra Señora la Reina de los Ángeles de Porciúncula (Désa kanggé para wanita, Putri Malaékat saking Porciúncula). Kitha punika dados péranganing Mexico ing taun 1821 sasampunipun mardhika saking Spanyol, lan salajengipun dados péranganing Amérika Sarékat ing taun 1848 ing pungkasan Perang Mexico-Amérika. Minangka satunggiling kitha global Alpha (alpha city), Los Angeles dados punjer budaya, punjer teknologi, lan punjer dagang ing donya. kutha punika ugi kalebet kutha ingkang kathah manéka warni ethnis utawi kasil budhayanipun wonten ing Amérika Sarékat. Penduduk ingkang manggèn wonten ing Los ANgeles kasebat "Angelenos".[5]
City of Los Angeles | |||
---|---|---|---|
| |||
Peparab: The City of Angels, L.A. | |||
Location within Los Angeles County in the state of California | |||
State | California | ||
County | Los Angeles County | ||
Settled | 1781 | ||
Incorporated | April 4 1850 | ||
Pamaréntahan | |||
• Jinis | Mayor-Council | ||
• Mayor | Antonio Villaraigosa | ||
• City Attorney | Rocky Delgadillo | ||
• Governing body | City Council | ||
Laladan | |||
• City | 498,3 sq mi (1.290,6 km2) | ||
• Land | 469,1 sq mi (1.214,9 km2) | ||
• Water | 29,2 sq mi (75,7 km2) 5.8% | ||
• Urban | 1.667,9 sq mi (4.319,9 km2) | ||
Élepasi | 0– 5,079 ft (0– 1,548 m) | ||
Cacah warga (2006) | |||
• City | 3.849.378 | ||
• Pepadhet | 8.205/sq mi (3.168/km2) | ||
• Métro | 12,950,129 | ||
• Demonym | Angeleno | ||
Zona wektu | PST (UTC-8) | ||
• Usum panas (DST) | PDT (UTC-7) | ||
Situs wèb | www.ci.la.ca.us/ |