Midi-Pyrénées
région Perancis / From Wikipedia, the free encyclopedia
Midi-Pyrénées (basa Ositania: Miègjorn-Pirenèus, Mieidia-Pirenèus) iku sawijining région gedhé dhéwé kaloro ing Perancis lan gedhé dhéwé ing kawasan Perancis Metropolitan.
Sunyata Rikat {{{name}}} Région Midi-Pyrénées, Nagara ...
{{{name}}} Région Midi-Pyrénées | ||
---|---|---|
Wewengkoning Prancis | ||
| ||
Nagara | Prancis | |
Préfèktur | Toulouse | |
Laladan | ||
• Gunggung | 45,348 km2 (17,509 sq mi) | |
Zona wektu | CET (UTC+1) | |
• Usum panas (DST) | CEST (UTC+2) |
Tutup
Ana telung bab kang nggawé région iki misuwur: montor mabur Airbus, keju Roquefort lan Lourdes, panggonan ziarah umat Katulik.
Midi-Pyrénées minangka salah siji région artifisial kang dibangun ing pungkasan abad ka-20 minangka laladan pedhalaman (hinterland) lan zona kang duwé prabawa tumrap kutha krajané, Toulouse ¹.
Jeneng région dipilih saka segi géografi: Midi ("laladan kidul", miturut perspektif warga Paris) lan Pyrénées (pagunungan Pyrenees ing wewengkon tapelwates kidul).