Pédherasi Bosni lan Hércégowina
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pédherasi Bosni lan Hércégowina (Federacija Bosne i Hercegovine, Федерација Босне и Херцеговине, rungokna (pitulung·info)) iku siji saka loro èntitas pulitik péranganing nagara Bosnia-Herzegovina (siji èntitas liyané ya iku Republika Srpska). Kaloroné diwatesi déning garis wates antar èntitas.
Pédherasi Bosni lan Hércégowina Federacija Bosne i Hercegovine Федерација Босне и Херцеговине | |
---|---|
Kuthagara lan | Sarajevo |
Jawatbasa | Basa Bosnia, Basa Kroasia and Serbian |
Budayawangsa (2002) | Bosniak: 70% Kroat: 28% Serb: 1.4% Others: 0.6% |
Papréntahan | Sistem Parlemèntèr |
Živko Budimir | |
Nermin Nikšić | |
Èntitas Bosnia-Herzegovina Èntitas Bosnia-Herzegovina | |
• Kawangun | 18 Maret 1994 |
• Diakoni ing konstitusi BiH | 14 Dhésèmber 1995 |
Pijembar | |
• Gunggung | 26,110.5 km2 (10,081.3 sq mi) |
• Banyu (%) | N/A |
Population | |
• Pikira-kira 2007 | 3,064,413 |
• Cacahjiwa 1996 | 2,444,6653 |
• Ketebdunung | 117/km2 (303.0/sq mi) |
Artacihna | Mark (BAM) |
Laladan wektu | UTC+1 (CET) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 (CEST) |
Pédherasi Bosni lan Hércégowina mligi dipanggoni déning ètnik Bosniak lan Kroat, mula iku kanthi ora resmi karan Pédherasi Bosniak-Kroat. Sanadyan mangkono, miturut kaputusan Mahkamah Konstitutional ing taun 2001, ètnik Serb uga dadi konstituèn katelu sajeroning Pédherasi. Semana uga marang ètnik Bosniak lan Kroat ing Republika Srpska. Pédherasi iki diwangun miturut Perjanjèn Washington kang ditandhatangani tanggal 18 Maret, 1994, kang nganakaké sawijining Déwan Konstituèn utawa (Ustavotvorna skupština/Ustavotvorbeni Sabor). Déwan iki nyambut gawé nganti sasi Oktober 1996.
Pédherasi iki duwé ibukutha dhéwé uga pamaréntahan, gendéra, lambang, présidhèn, parlemèn, pulisi, imigrasi, kator pos lan perusahaan penerbangan dhéwé (BH Airlines). Uga duwé bala dhéwé ya iku Vojska Federacije Bosne i Hercegovine, sanadyan ana ing ngisor pangawasan Mantri Pertahanan Negara Bosnia-Herzegovina, semana uga bala èntitas sijiné ya iku Vojska Republike Srpske. Tentara èntitas (kalebu Vojska Republike Srpske) kudu wis nggabung ing pungkasan taun 2005 lan Mantri Pertahanan èntitas kudu wis dibusak lan dadi siji ing tanggal 1 Januari, 2006. Ing tanggal 6 Juni, 2006 kaloroné wis dadi siji dadi Angkatan Bersenjata Bosnia-Herzegovina kang dikontrol déning Mantri Pertahanan Bosnia-Herzegovina.