Pariwara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pariwara ya iku wujud sesambungan kang duwé maksud kanggo mènèhi greget wong tetuku, nawakaké sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemuné wong akèh, narik panyengkuyunging wong akèh amrih pikir lan tumindaké laras karo kekarepané sing masang pariwara.
Pariwara yen ing basa Indonesia padha karo iklan. Pariwara yaiku salah sijine srana kanggo nawakake pamikiran, barang, utawa jasa kanthi cara mbayar utawa ora perlu mbayar. Pariwara duweni ancas supaya bisa narik kawigatene wong liya. Wong liya duwe pepenginan supaya gelem tuku barang utawa gelem nggunakake jasa sing ditawakake.
Unsur kang ana ing teks pariwara:
- Narik kawigatene wong kang maca utawa ngrungokake.
- Nuwuhake pengin nggunakake barang utawa jasa.
- Gawe yakin wong kang maca utawa ngrungokake yen barang utawa jasa kuwi cocog digunakake
- Milut supaya wong tuku lan nggunakake barang utawa Jasa.