Pasliyun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pasliyun inggih punika sesebutan kagem tiyang ingkang nggelak utawi ngelisi kudha rakitaning kareta kanthi nunggang salah satunggaling kudha saben kudha sarakit, kerepipun wonten kudha sisih kering.Bentenipun pasliyun kaliyan kusir inggih punika menawi kusir ngelisi kudha saking nginggiling kareta.
Pasliyun kerep kadhawuhan ngayahi nunggang kudha rakitaning kareta upacara wonten adicara adicara nagara kadosta upacara ngiring layon.
Pasliyun ugi ngayahi wonten sajroning paprangan utawi upacara pahargyan agung mliginipun bilih nalika panggelaking kudha boya saget katindakna dening cepenging kusir.