Perang Pilipina-Amérika
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Filipina-Amérika iku konflik militèr antarané Républik Filipina Pisanan lan Amérikah Sarékat kang dumadi antara taun 1899 nganti paling ora taun 1902. Perang iki dumadi amarga perjuwangan pulitik Filipina kang nentang pendhudhukan AS marang Filipina.
Sanajan konflik iki diumumaké rampung taun 1902, wadybala kolonial Amérika tetep nerusaké memungsuhan marang sisa-sisa Angkatan Bersenjata Filipina lan golongan panentang liyané nganti taun 1913, lan sapérangan sajarawan nganggep perpanjangan iki minangka péranganing perang.