Bèker Donya FIFA
From Wikipedia, the free encyclopedia
Piala Donya FIFA utawa kerep dicekak Piala Donya iku kajuwaraan bal-balan paling wigati ing donya internasional. Diselenggarakaké déning Fédération Internationale de Football Association (Fédération Internationale de Football Association), sing kajibah nata ulah raga iki, turnamen babak final Piala Donya iku ajang ulah raga sing paling akèh ditonton ing donya, ngluwihi Olimpiade.[1]
Babak final turnamen (tegesé pérangan turnamen sawisé kwalifikasi) iki diadani saben patang taun sapisan nanging kajuwaraan iki mbutuhaké mangsa rong taun kanthi sakabèhané. Luwih saka 160 tim nasional tandhing ing turnamen kwalifikasi regional kanggo nggayuh papan sajeroning babak final. Turnamen finalé saiki dumadi saka 32 tim (paningkatan saka 24 tim ing taun 1998) sing kompetisi sajeroning 4 minggu ing nagara sing ditunjuk minangka tuwan omah. Inovasi sing dianakaké anyar iki ya iku ngolèhaké punjul siji nagara dadi tuwan omah.
Panyelenggaraan Piala Donya sabanjuré ing Afrika Kidul taun 2010.