Pilihan umum lègislatif Indonésia 1955
pemilu kaping pisan ing Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Pilihan umum Indonésia 1955 iku pilihan umum pisanan ing Indonésia lan dianakaké taun 1955. Pemilu iki kerep sinebut pemilu Indonésia kang paling dhémokratis.
|
Sub-rangkaian Pulitik |
---|
|
Pemilu taun 1955 iki ditindakaké wektu kaanan kaamanan nagara isih kurang kondusif; sawatara laladan isih dirundung kakacauan déning DI/TII (Darul Islam/Tentara Islam Indonésia) mligi pimpinan Kartosuwiryo. sajeroning kaanan kaya mangkono mau, anggota militèr (angkatan bersenjata) lan pulisi uga mèlu milih. Anggota militèr lan pulisi kang tugas ing laladan rawan digilir teka menyang papan pamilihan. Pemilu pungkasané lumaku kanthi aman.
Pemilu iki diangkah kanggo milih anggota-anggota DPR lan Konstituante. Gunggung kursi DPR kang diparebutaké ana 260, déné kursi Konstituante cacahé 520 (kaping pindhoné kursi DPR) ditambah 14 wakil golongan minoritas kang diangkat pamaréntah.
Pemilu iki disiapaké déning papréntahan Nayakotama Ali Sastroamidjojo. Nanging, Ali Sastroamidjojo mundur lan wektu pamungutan swara, kepala papréntahan wis dicekel déning Perdnana Mantri Burhanuddin Harahap.