Pratélan kanton ing Switserlan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ka-26 kanton Switserlan iku praja sakanagara fédheral Switserlan. Sacara historis lan nganti tengahan abad angka 19, saben kanton sajeroning konfederasi mau wektu semana minangka nagara sing mawa kadhaulatan, ssaben kanton duwé tapel wates sing cetha, bala, lan dhuwité dhéwé-dhéwé; struktur fédheral sing saiki dumadi ing taun 1848.
Ing abad angka 16, Konfederasi Switserlan dumadi saka 13 nagara sing nduwé papréntahan dhéwé-dhéwé. Nagara-nagara iki karan kanton, lan ana rong jinis kanton: enem kanton alas lan pitu kanton kutha. Sanadyan kanthi tèknis kapisah saka Kakaisaran Suci Romawi, kanton-kanton iki wis kapara mardika nalika Switserlan ngalahaké Kaisar Maximillian ing taun 1499.