Refraksi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Refraksi (utawipembiasan) ing optika geometris dipundefinisiaken dados owah-owahan arah rambat partikel cahya manawi kédadosanipun percepatan. Ing optika era optik geometris, refraksi cahya ingkang dipunjabarakén kaliyan Hukum Snellius, kadadosan sami kaliyan refleksi gelombang cahya kasébut, kados ta ingkang dipunjléntrhéakèn déning persamaan Fresnel ing masa transisi nuju era optik fisis. Tumbukan antawisipun gelombang cahya kaliyan antarmuka kalih medium nyébabakèn kecepatan fase gelombang cahya kaéwah. Panjang gelombang badhé tambah utawi kirang kaliyan frekuensi ingkang sami, amargi sipat gelombang cahya ingkang transversal (mbotén longitudinal). Pengetahuan punika ingkang mbtéa dateéng penemuan lensa lan refracting telescope. Refraksi ing era optik fisis dipunjabaraken dados fenomena owah-owahan arah rambat gelombang ingkang boten gumantung ing owah-owahan kecepatan, nanging ugi kadadosan amargi faktor-faktor sanès ingkang dipunsébat difraksi lan dispersi.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Tuladha kedadosanipun refraksi ingkang sangat umum dipunjumpai inggih punika kados ta ilustrasi gambar ing sisih. Kaliyan wontene bèntenipun indeks bias antawis udara (1,0003) lan air (1,33) ing salebeting sebuah mangkok, sebuah benda lurus kados ta pensil utawi sedotan katingal kados ta patah kaliyan kedalaman toya ingkang langkung dangkal.