Sadio Mané
juru bal-balan Sénégal / From Wikipedia, the free encyclopedia
Sadio Mané (lair 10 April 1992) inggih punika satungalipun juru main bal-balan profésional saking Senegal ingkang nggadhahi posisi minangka winger ing klub Bundesliga Bayern München lan tim nasional Senegal. Sadio Mané miwiti kariripun ing klub Metz ing Prancis, lajeng pindhah dhateng Red Bull Salzburg ing taun 2012. Sasampunipun menangaken Bundesliga Ostenrik lan Piala Ostenrik ing 2014, Mané pindhah dhateng klub Southampton. Wonten ing taun 2014-2015, Mané ndamel rekor enggal minangka panyithak hattrick paling cepet ing Liga Primer Inggris wekdal saged nyithak tigang gol ing wekdal 176 lan saged menang 6-1 menang mengsah Aston Villa.[4] Mané pindhah dhateng klub Liverpool ing taun 2016 kanthi beaya transfer 23 yuta poundsterling, ingkang ndamel Mané minangka juru main bal Afrika paling awis sedangunipun sajarah. Sadio Mané sampun main ping 40 kanggé timnas Senegal awit debut ing taun 2012, lan makili tim nasional ing Olimpiadhe 2012, Piala Afrika 2015, lan Piala Afrika 2017.
Mané rikala main kanggé ing Tim Nasional Senegal ing Piala Donya Ruslan 2018 lumawan Polen | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Sadio Mané[1] | ||
Tanggal lair | (1992-04-10) 10 April 1992 (umur 31) | ||
Papan lair | Sédhiou, Senegal | ||
Dhuwur | 1.74 m (5 ft 9 in)[2] | ||
Posisi main | Suwiwi[3] | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Bayern Munchen | ||
Angka | 17 | ||
Karir nom | |||
Génération Foot | |||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2011–2012 | Metz | 22 | (2) |
2012–2014 | Red Bull Salzburg | 63 | (31) |
2014–2016 | Southampton | 67 | (21) |
2016–2022 | Liverpool | 41 | (18) |
2022–saiki | Bayern Munchen | ||
Tim nasional‡ | |||
2012 | Senegal U23 | 4 | (0) |
2012–saiki | Senegal | 48 | (14) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 1 January 2018. |