Sukiyaki
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sukiyaki (すき焼き, スキヤキ, Sukiyaki?) ya iku irisan tipis daging sapi, janganan, lan tahu ing sajeroning panci wesi kang dimasak ing ndhuwur meja mangan kanthi cara digodhog. Sukiyaki dipangan kanthi nyelupake irisan daging ing kopyokan endhog pitik.
Janganan kanggo sukiyaki tuladhané bawang bombay, unclang, sawi putih, shungiku (jeneng godhong saka wit kulawarga seruni), jamur shiitake, lan jamur enoki. Kanggo njangkepi, ditambahake ito konnyaku utawa shirataki kang wujde kaya soun, wernane bening utawa rada klawu.