Trèm
From Wikipedia, the free encyclopedia
Trèm utawa trèmwé (saka basa Inggris tram utawa tramway) iku jinis transportasi ril sajeroning tlatah pakuthan (urban) lan ngliwati dalan-dalan kutha. Sok-sokan trèm uga ndarbèni dalan dhéwé sajeroning kutha. Prabédan utama antara sepur karo trèm iku leté lan dawané trèm. Rute trèm padatané namung cendhak waé lan ngliwati jalur-jalur sajeroning kutha. Kamangka sepur iku padatané jaluré dawa utawa antarkutha lan sepur iku racaké wanguné dawa, kawangun saka sawatara gerbong.