Yerusalem Wétan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Yerusalem Wétan iku péranganing kutha Yerusalem kang direbut déning Yordania sajeroning Perang Arab-Israèl 1948 lan sabanjuré déning Israèl sajeroning Perang Enem Dina 1967. Wewengkon iki nyakup Kutha lawas Yerusalem lan sapérangan panggonan suci agama Yahudi, Kristen, lan Islam, kaya Bukit Bait, Tembok Kulon, Masjidil Aksa, lan Gréja Makam Suci.