Èlmu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Èlmu saged ateges prosès ngangsalaken pengetauan, utawi pengetauan kaorganisasi ingkang dipunupados mawi prosès wau. Prosès kaèlmuan inggih punika cara ngangsalaken pengetauan kanthi sistematis prakawis satunggaling sistem. Asil sistematis punika limrahipun wujud metode ilmiah, lan sistem kasebat limrahipun inggih punika alam semesta. Ing pangertosan punika èlmu asring sinebut sains.
Nanging, èlmu saged ugi tegesipun bènten kaliyan pengertosan sains. Ing masarakat Indonésia, asring kapireng istilah "èlmu ireng", inggih punika èlmu ingkang gadhah konotasi awon, umpaminipun gadhah makna èlmu ingkang muncul saking kekiyatan gaib kanthi tujuan kanggé tumindak ala.
Èlmu saged kagolongaken miturut cara punika
- Humaniora
- Èlmu sosial
- Èlmu pasti (èlmu kanthi teges ingkang langkung ketat)
- Èlmu terapan (rékayasa)
- Matematika
- Èlmu alam
- Èlmu kadhokteran lan farmasi
Kedah dipuncathet bilih pamisahan punika dhedhasar konsép filsafat Nagari Kilèn. Teologi, pérangan sanès saking pengetauan manungsa, boten kaanggep ilmiah saéngga kapisahaken.
Èlmu pasti nyinaoni alam, matematika, lan teknologi, manawi èlmu sosial nyinaoni prilaku manungsa lan masarakat.
Téyori "ilmiah" gadhah sipat objektif – saged kabuktèaken kanthi empiris – lan "prediktif" – nginten asil empiris ingkang saged dipunpriksa, lan temtu kémawon saged ugi kosokbalèn.
Sapérangan panemon kaèlmuan saged counter-intuitive sanget. Téyori atom umpaminipun, nedahaken bilih prongkalan granit ingkang katingal awrat, atos, lan padhet nyatanipun wujud kombinasi subatomik kathah partikel ingkang satunggal kémawon boten gadhah sipat-sipat kasebat, ingkang éwah rikat sanget ing satunggaling ruang ingkang méh kosong.