Bako
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bako ya iku sawiji produk kang dumadi godhong bako kanthi 'ditambani' (prosés ngilangi dat kang marai godhongé ijo) dhisik. Wité kagolong perangané génus Nicotiana lan tunggalé Solanaceae (wit-witan nightshade). Asline punjul 70 spesiesé bako kang ora dimudengi manungsa, lan tuwuhan utama kang racaké kanggo bab komersil ya iku N. tabacum. Jinis wit-witan bako liyané kang paling ampuh, N. rustica, uga digunakaké ing donya iki.
Bako ngamot kang diarani alkaloid nikotin, ya iku sawiji stimulan. Godhong bako kang uwis garing mligi kanggo ngrokok ing jero rokok, cerutu, pipa bako, lan bako kanggo shisha kang uwis diwènèhi rasa. Bako-bako iku mau uga bisa dikonsumsi minangka produk-produk liyané kaya snuff, chewing tobacco, dipping tobacco lan snus.
Konsumsi bako iku résiko ngalami warna-warna lelara, mligi jinisé kang mangaribawani jantung, ati, lan paru-paru, uga warna-warna kanker. Ing taun 2008, World Health Organization nggolongaké bako minangka siji-sijiné sabab pati kang bisa disandhet kang gedhé dhéwé.[1]