Bal-balan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bal-balan iku dolanan bal kang dimainaké déning rong tim, lan saben tim dumadi saka 11 juru main. Lumebu ing abad 21, ulah raga iki wis dimainaké punjul 250 yuta wong ing 200 nagara, lan ndadèkaké ulah raga paling kondhang ing donya.[1][2][3][4] Bal-balan iku tujuané nyithak gol sakakèh-akèhé kanthi nganggo bal saka kulit ing gawang mungsuh. Bal-balan dimainaké ing njero lapangan kang dhapuré pesagi dawa, ing dhuwur suket utawa suket sintètis.
Lumrahé kang tukang jaga gawang kang duwé hak démok bal nganggo tangan utawa lengen ing njero laladan gawangé, nanging 10 (sepuluh) juru main saliyané amung diidinaké nggunakaké kabèh awaké saliyané tangan, lumrahé nganggo sikil kanggo nendhang, dhadha kanggo ngontrol, lan sirah kanggo nyundhul bal. Tim kang nyithak gol luwih akèh ing akir iku dadi kang menang. Nanging angger nganti wektu entèk isih imbang, bisa dianakaké undhian, ndawakaké wektu utawa adu penalti, iku manut karo format kang gawé kejuwaran.[5]
Aturan permainan/tetandhingan lumrahé dianyaraké saben taun déning indhuk organisasi bal-balan internasional (FIFA), kang uga nindakaké Piala Donya saben patang taun sapisan.[6]