Basa Uzbèk
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Uzbèk iku basa Turk lan basa resmi ing Uzbèkistan. Sing asli ngendikan basa iki cacah 27 yuta, ya iku wong-wong Uzbèk ing Uzbèkistan lan ing rupa-rupa panggonan ing Asiah Tengah. Basa Uzbèk iku péranganing kulawarga basa Turk Wétan (Karluk), ya iku turuning kulawarga basa Turk. Basa manca kang mangaribawani basa Uzbèk kaya ta basa Pèrsi, Arab, lan Ruslan. Salah siji titikan kang mbédakaké basa Uzbèk saka basa-basa Turk liyané iku bundhering swara /a/ dadi /ɒ/, awit saka prabawaning basa Pèrsi.
Sunyata Rikat Uzbèk, Oʻzbekcha,oʻzbek tili, ўзбек тили, ўзбекча, ئوزبېچه, ئوبېک تیلی ...
Uzbèk | ||
---|---|---|
Oʻzbekcha,oʻzbek tili, ўзбек тили, ўзбекча, ئوزبېچه, ئوبېک تیلی | ||
Dituturaké ing | Uzbèkistan, Kyrgyzstan, Afghanistan, Kazakhstan, Turki, Turkménistan, Tajikistan, Ruslan, Cina | |
Gunggung panutur | 27 yuta | |
Rumpun basa | Turk
| |
Sistem tulisan | Latin, Kiril, Arab, Braille Uzbèk (Alfabèt Uzbèk) | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Uzbèkistan | |
Regulated by | No official regulation | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | uz | |
ISO 639-2 | uzb | |
ISO 639-3 | either: uzn – Lor uzs – Kidul | |
Biru peteng = mayoritas; biru padhang = minoritas
|
Tutup