Gunung Baekdu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gunung Baekdu(백두산), utawi ingkang dipunmangertosi minangka Gunung Changbai wonten ing basa Tionghoa, inggih menika satunggaling gunung berapi ingkang mapan wonten ing wates antawisipun Republik Rakyat Tiongkok lan Korea Lor. Gunung Baekdu menika mapan wonten ing koordinat 42°00′24″N 128°03′18″E. Gunung menika inggilipun 2.744 m lan kalebet gunung ingkang paling inggil wonten ing pegunungan Changbai.[2] Gunung Baekdu menika ugi kalebet gunung paling inggil wonten ing Korea lan Manchuria.[2]
Sunyata Rikat Titik dhuwur dhéwé, Èlevasi ...
Gunung Baekdu | |
---|---|
Titik dhuwur dhéwé | |
Èlevasi | 2,744 m (9,003 ft) |
Prominèn | 2,593 m (8,507 ft) |
Géografi | |
Location | Ryanggang, Korea Lor Jilin |
Géologi | |
Jinisé gunung | Stratovolcano |
Panjeblug pungkasan | 1903[1] |
Tutup
Salah satunggaling danau kawah paling ageng, danau surga (천지/天池), menika mapan wonten ing pucuking gunung Baekdu menika.