Masakan Lombardia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Masakan Lombardia (cucina lombarda) inggih punika masakan ingkang asalipun saking regione Lombardia ing Italia lor.[1] manawi dipuntepang dados pusat indhustri lan pérdagangan, kawasan punika ugi dipuntepang ngasilaken produk pertanian ingkang paling ageng ing Italia. Produk-produk pangan ingkang dipunkasilakén Lombardia antawisipun béras, pasta, lan produk-produk susu. sanèsipun punika, laladan punika ugi ngasilaken pintén-pintén produk peternakan kados ta domba lan babi.