Semangka
From Wikipedia, the free encyclopedia
Semangka (Citrullus lanatus, suku timun-timunan utawa Cucurbitaceae) kuwe tanduran mrambat sing asalé sekang dhaérah setengah gurun nang Afrika bagéyan kidul.[1]. Tetanduran kiye isih sakerabat karo melon (Cucumis melo) lan timun (Cucumis sativus).[1]. Semangka biasa dipanèn wohé kanggo dipangan seger utawa digawé jus.[1]. Wiji semangka sing digaringna lan disangrai uga teyeng dipangan isiné (kotiledon) minangka kuaci.[1].
?Semangka | ||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Wit lan woh semangka | ||||||||||||||
Klasifikasi ilmiah | ||||||||||||||
| ||||||||||||||
Jeneng binomial | ||||||||||||||
Citrullus lanatus Thunb.) Matsum. & Nakai | ||||||||||||||
Kayadéné anggota suku timun-timunan liyané, habitus tetanduran kiye mrambat ningen ora teyeng mbentuk oyot adventif lan ora teyeng mènèk. Jangkauan rambatan teyeng nganti welasan meter.[1].
Godhongé mlekuk-mlekuk nang pinggiré.[1]. Kembangé sampurna, awerna kuning, cilik (dhiameteré 3cm). Semangka kuwe andromonoecious monoklin, yakuwe nduwèni rong jenis kembang nang satanduran: kembang jantan, sing mung duwé benang sari (stamen), lan kembang banci/hermafrodit, sing duwé benang sari lan putik (pistillum). [1].Kembang banci teyeng ditepungi sekang anané bakal woh (ovarium) nang bagéyan pangkal kembang arupa panggédhénan awangun oval.[1].
Woh semangka kulité atos, wernané ijo pekat utawa ijo enom kanthi larik-larik ijo tuwa. Gumantung kultivaré, daging wohé sing ngandhut banyu wernané abang utawa kuning.[1].
Tetanduran kiye cukup tahan swasana garing utamané yèn wis mlebu mangsa pambentukan woh. [1].