Barnaby Rudge
From Wikipedia, the free encyclopedia
Barnaby Rudge: A Tale of the Riots of Eighty (lumrahé kondhang minangka Barnaby Rudge) iku novèl sujarah sing dianggit novèlis Inggris, Charles Dickens. Barnaby Rudge dadi salah sawijining novèl saka rong novèl (liyané The Old Curiosity Shop) sing dibabar ing serial cekak minggon (1840–1841), Master Humphrey's Clock. Barnaby Rudge njupuk latar nalika Gordon Riots taun 1780.
Panganggit | Charles Dickens ("Boz") |
---|---|
Sesirah asli | Barnaby Rudge: A Tale of the Riots of Eighty |
Pametha | George Cattermole Hablot Knight Browne (Phiz) |
Nagara | Inggris |
Basa | Inggris |
Gènre | Novèl |
Dibabar | Sèri: Fèbruari–Novèmber 1841;[1] minangka buku 1841 |
Pangecapan | Chapman & Hall |
Jinis sarana | Cithak (sèri, samak kandhel, lan samak kertas) |
Barnaby Rudge dadi novèl angka 5 Dickens sing dibabar. Novèl iki direncanaké arep dibabar minangka novèl kapisan, nanging panerbit sing asring diowah marakaké semaya. Novèl iki dibabar pisanan kanthi wujud seri ing Clock nalika February nganti November 1841.
Barnaby RudgeIt dadi novèl sujarah Dickens sing kapisan. Novèl sujarah liyané ya iku A Tale of Two Cities, sing njupuk latar ing masa revolusioner.[2] Barnaby RudgeIt minangka salah sawijining novèl sing ora patèk kondhang [3] lan jarang digawé kanthi wujud filem utawa serial tivi. Produksi sing kèri digawé déning BBC production taun 1960; sadurungé, wujud filem bisu digawé taun 1911 lan 1915.