Canon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Canon Inc. (diwaca ké-nèn, IPA:ˈkænən, Basa Jepang: キヤノン株式会社), ana ing Tokyo, ya iku perusahaan Jepang kang produké iku mligi gambar lan optik, kaya ta kodhak, mesin fotokopi lan printer komputer.
Type | Publik TYO: 7751 NYSE: CAJ |
---|---|
Industry | Elektronik konsumen |
Genre | Elektronik |
Founded | Tokyo, Jepang (10 Agustus 1937) |
Headquarters | , Jepang |
Area served | Seluruh Dunia |
Key people | Fujio Mitarai (Ketua dan CEO) |
Products | Kodhak SLR, kodhak biyasa, kodhak digital, camcorder, pencetak, scanner, lensa, LCD, instrumen oftalmik, kepala magnetik, motor mikro |
Revenue | ¥3,557 triliun (2011)[1] |
Operating income | ¥378,071 milyar (2011)[1] |
Net income | ¥248,630 milyar (2011)[1] |
Total assets | ¥3,930 triliun (2011)[1] |
Total equity | ¥2,551 triliun (2011)[1] |
Number of employees | 198.307 (2011)[2] |
Divisions | Unit Bisnis Kantor, Unit Bisnis Konsumen, Unit Bisnis Industri lan liyané |
Website | www |
Perusahaan iki dibangun ing taun 1933 jenengé 精機光学研究所 (Seiki-kougaku-kenkyuujo utawa Laboratorium Peralatan Optik Presisi) déning Yoshida Goro lan adik iparé Uchida Saburo lan dibiyayani Takeshi Mitarai, kanca cedhaké Uchida. Tujuwané awal dibanguné iku supaya bisa nganakaké riset ning bab pengembangan kodhak berkualitas. Sasi Juni 1934 Kwanon, piranti pisanan kang diprodhuksi, dijenengi kaya iku amarga njupuk asmané Dewi welas asih Buda. Ning taun sawisé perusahaan iki ngubah jeneng dadi Canon amarga katon luwih modhèren tinimbang jeneng sadurungé.
Saingan mligi perusahaan iki iku kaya ta Nikon, Konica Minolta, Leica, Pentax, Olympus, Sony, Epson, Kodak, Hewlett-Packard lan Xerox.