David Irving
From Wikipedia, the free encyclopedia
David John Caldwell Irving (lair ing 24 Maret 1938) iku sawijining penulis lan sejarawan Britania Raya. Dhèwèké wis nulis kurang luwih 30 buku bab Perang Donya II. Buku-bukuné David Irving akèh sing kontrovèrsial lan mulané akèh wong sing nganggep yèn dhèwèké dudu sejarawan nanging penulis fiksi.[1] David Irving in taun 2006 sempet dikunjara ing Ostenrik amarga dianggep maido Holocaust. Pamaidonan Holocaust dilarang ing sawatara nagara Éropa, contoné Jerman lan Ostenrik.