Enceng gondhok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Eceng gondok utawa enceng gondok ([[Basa Latin|Latin]]:Eichhornia crassipes) ya iku salah sijiné tuwuhan banyu kang ngambang. Saliyané misuwur kanthi jeneng Enceng gondhok,ing panggonan liya ing Indonésia, enceng gondok duwé jeneng liya, kaya ing wewengkon Palembang misuwur kanthi jeneng Kelipuk, ing Lampung misuwur kanthi jeneng Ringgak, ing Dayak misuwur kanthi jeneng Ilung-ilung, ing Manado misuwur kanthi jeneng Tumpe.[1] Enceng gondok pisanan tinemu kanthi ora sengaja déning ilmuan jenengé Carl Friedrich Philipp von Martius, sawijining ahli botani berkebangsaan Jerman ing taun 1824 nalika nganankaké èkspèdhisi ing Sungai Amazon Brasil.[2] Enceng gondok duwé kacepatan thukul kang dhuwur saéngga tuwuhan ini dianggep gulma kang bisa ngrusak “ lingkungan perbanyuan”. Enceng gondok gampang nyebar liwat saluran banyu tumuju dalan banyu liyané.
Eceng gondok | |
---|---|
Eceng gondok (E. crassipes) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Liliopsida |
Ordho: | Commelinales |
Famili: | Pontederiaceae |
Génus: | Eichhornia Kunth |
Spésies: | E. crassipes |
Jeneng binomial | |
Eichhornia crassipes (Mart.) Solms | |