Frank Lampard
From Wikipedia, the free encyclopedia
Frank Lampard yaiku juru main bal saka Inggris lan maen ning panggon dadi gelandhang, saiki dhèwèké wis pensiyun lan dadi pelatih ana ing klub papan nduwur Liga Inggris.[4] Frank Lampard duwé nomer geger 8 sadurungé menyang Chelsea, Lampard nggabung karo West Ham United lan Swansa City.[4] Frank Lampard duwé tepangan sing banter uga pas, mula dhèwèké kerep ngasilké gol saka njaba kotak pinalti.[4] Frank Lampard lair ning Ramford, Heavering tanggal 20 Juni 1978 duwé jeneng dawa Frank James Lampard Jr Bapaké uga bekas juru main bal saka Inggris sing nggabung karo West Ham United.[4] Sepupuné Lampard, Jamie Redknapp uga naté mbela Southampton FC, Tottenham Hotspur, Liverpool FC, lan AFC Bournemouth sadurungé pensiyun ing taun 2005 amarga kerep loro.[4] Frank Lamprd duwé bojo modhel saka Spanyol yaiku Elen Rives sing mènèhi bayi wédok sing dikei jeneng Luna Coco Patricia Lampard sing lair pas tanggal 22 Agustus 2005.[5]
Frank Lampard | ||
Informasi Pribadi | ||
---|---|---|
Jeneng jangkep | Frank James Lampard[1] | |
Tanggal lair | (1978-06-20) 20 Juni 1978 (umur 45)[1] | |
Papan lair | Romford, London, Inggris | |
Dhuwur | 1.84 m (6 ft 1⁄2 in)[2][3] | |
Posisi main | Gelandhang panyerang | |
Club information | ||
Klub saiki | Pensiyun | |
Nomer | 8 | |
|