Gunung Gedé
gunung ing Jawa Kulon, Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Gunung Gedhé (basa Sundha: Gunung Gedé), iku kalebu gunung kang ana ing Pulo Jawa, Indonésia.[1] Gunung Gedhé dunungé ana ing laladan Taman Nasional Gede Pangrango, kang kalebu salah sijiné saka lima taman nasional kang pisanan dibiwara ing Indonésia ing taun 1980.[1] Gunung iki ana ing tlatah telu kabupatèn, yaiku Kabupatèn Bogor, Cianjur lan Sukabumi, dhuwuré gunung iki yaiku 1.000-3.000 m. dpl, lan ana ing lintang 106°51'-107°02' BT lan 64°1'-65°1 LS.[1] Suhu rata-rata ing pucuk gunung Gede 18 °C lan yèn ing wayah bengi suhu pucuk kira-kira 5 °C, curah udan rata-rata 3.600 mm/taun.[1] Gerbang kang utama mara ing gunung iki yaiku saka Cibodas lan Cipanas.[1]
Sunyata Rikat Èlevasi ...
Gunung Gedé | |
---|---|
Èlevasi | 2,958 metres (9,705 ft) |
Tutup