Taman Nasional Gede Pangrango
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taman Nasional Gede Pangrango mapan ana ing Jawa Kulon, Indonésia. Ing taman nasional iki ana gunung mberapi cacahé loro, yaiku Gunung Gedhé lan Gunung Pangrango. Ambané kira-kira 150 km ².[1]
Taman nasional iki uga dadi papan konsèrvasi kang wis ana kaya ta Cagar Alam Cibodas, Cimungkat Alam Reseve, Situgunung Taman Rekreasi lan Gunung Gedhé Pangrango Nature Reserve. Saliyané iku uga ana panggonan kang digunakaké panelitèn biologi lan konsèrvasi.Taun 1977 UNESCO ngresmèkaké papan iki dadi Jaringan Cagar Biosfer Donya.[1]