Hakama
From Wikipedia, the free encyclopedia
Hakama (袴, Hakama?) inggih punika busana utawi rasukan njawi tradhisional Jepang [1]. Rasukan punika ingkang dipunagem kanggé nutupi pinggang dumugi mata suku (mata kaki). Hakama kaginakaken minangka busana andhapan lan kalebet busana resmi tiyang jaler nalika dugi ing adicara formal kados upacara ngunjuk teh, pista nikahan, lan seijin shiki. Laré jaler ngginakaken Hakama nalika ngrayakaken Shichi-Go-San. Montsuki ingkang dipunagem sareng kaliyan hakama lan haori kalebet setelan busana pengantèn priya tradhisional. Wonten ing kalangan ulah raga béla dhiri tradhisional kados kendo, aikido, lan kyūdō[2], hakama dipunagem déning tiyang jaler lan wanita. Nalika nembé boten gulat, pesumo ngginakaken kimono lan hakama nalika medal ing umum. Ing kalangan Shinto, setelan kimono lan hakama punika busana resmi kannushi lan miko.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |