Hinomaru Yosegaki
From Wikipedia, the free encyclopedia
Hinomaru Yosegaki (日の丸寄せ書き) ing basa Jepang, utawa Gendera Pangajab Kasuksesan ya iku gendéra kang duwé fungsi minangka bebungah tradhisional kanggo bala Jepang kang diutus kanggo kampanye militer Kamaharajan Jepang, nalika Perang Donya II. Gendera kang diwenehaké dhumateng bala ya iku gendéra hinomaru kang wis ditapakasmani déning rerencang lan kaluwarga, biasane ditulisi kanthi pesen cekak kang isiné pangajab kasalamatan, kaamanan, kabejan, lan kamenangan.[1]
Wong Jepang nyeluk gendérané kanthi sebutan hinomaru, kang arti harfiahé "bunderan srengéngé", kang bunderan abang ing tengahing warna putih. Nalika hinomaru ditapaksamani, tulisan Jepang biasané ditulis kanthi vertikal kang dhapuré kaya sorot srengéngé kang mubeng ing sakpinggiré bunderan abang. Iki bisa ngrujuk marang tembung kapindho, yosegaki, kang berarti "nulis nyamping". Dadi, tembung hinomaru-yosegaki isoh diartikne "Nulis nyamping ing sakupengé bunderan abang".[2]