Holodomor
From Wikipedia, the free encyclopedia
Holodomor (ing basa Ukraina: Голодомор;[lower-alpha 1][1]) ya iku prastawa panumpesan lan kaluwèn gedhèn-gedhèn nalikané taun 1932-1933 ing Ukraina Sovyèt kang matèni wong Ukraina cacahé yutanan. Prastawa iki uga dikenal minangka Terror-Famine lan Famine-Genocide in Ukraina,[2][3][4] lan kadhang kala uga dijuluki Great Famine[5] utawa The Ukrainian Genocide of 1932–33.[6] Nailka Holodomor, yutanan padunung Ukraina, sing akèh-akèhé minangka golongan ètnis saka Ukraina, mati amarga kaluwèn.[7] Wiwit taun 2006, Holodomor diakoni déning Ukraina[8] lan 15 nagara liyané minangka prastawa panumpesan (genosida) kang dilakokaé déning pamaréntah Sovyèt.[9]
Udakara 25.000 padunung désa mati saben dina utawa itungané 1,000 wong saben jam utawa 17 wong saben menit. Umur rata-rata padunung Ukraina ing taun 1933 iku 7,3 taun kanggo wong lanang lan 10,9 taun kanggo wong wadon, lan itungané ing bocah-bocah, siji saka saben telung wong mati.
Acara iki padha gedhéné kaya prastawa "Holocaust" sing dilakokaké déning Adolf Hitler marang wong Yahudi ing Jerman.
Para ahli sajarah saka Uni Sovyèt ngumpetaké kabèh bukti sing nuduhaké culikané nagara tirai wesi iku nalika njajah lan ngontrol Ukraina. Nanging ahli sajarah saka Inggris Robert Conquest ing bukuné " Harvest of Sorrow " njelasake acara kanthi jelas.