Juliana saka Walanda
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ratu Juliana Louise Marie Wilhelmina van Oranje-Nassau (lair ing Den Haag, 30 April 1909 – pati ing Baarn, 20 Maret 2004 ing umur 94 taun) inggih punika Ratu Walanda saking 6 September 1948, dumugi tanggal 30 April 1980, ambal warsa beliau ingkang kaping 71, nalika putrinipun Ratu Beatrix jumeneng ratu.[1]
Gusti Kanjeng Ratu Juliana | |||||
---|---|---|---|---|---|
Ratu Nèderlan | |||||
Panjenengan | 4 September 1948 – 30 April 1980 (&&&&&&&&&&&&&031.&&&&&031 taun, &&&&&&&&&&&&0239.&&&&&0239 dina) | ||||
Leluhur | Ratu Wilhelmina | ||||
Panerus | Ratu Beatrix | ||||
Lair | 30 April 1909 Den Haag, Walanda | ||||
Surud | 20 Maret 2004 (yuswa 94 taun) Baarn, Walanda | ||||
Astana | 30 Maret 2004 Nieuwe Kerk, Delft | ||||
Garini | Bernhard saka Lippe-Biesterfeld | ||||
Putra | Beatrix saka Walanda Putri Irene, Adipatni Parma Putri Margriet Putri Christina | ||||
| |||||
Wangsa | Oranye-Nassau* | ||||
Bapa | Hendrik saka Mecklenburg-Schwerin | ||||
Ibu | Ratu Wilhelmina saka Walanda | ||||
Agama | Reformed Protèstan |
Juliana palakrama kaliyan Bernhard zur Lippe Biesterfeld, satunggaling bangsawan Jerman, rikala tanggal 7 Januari 1937 lan pikantuk sekawan putra Beatrix (1938), Irene (1939), Margriet (1943), lan Marijke (1947) ingkang namanipun lajeng kagantos dados Christina.[2]
Ratu Juliana minggah tahta nggantosaken ingkang ibu, Wilhelmina, antawising taun 1947 – 1948. Rikala tanggal 27 Dhésèmber 1949, piyambakipun ingkang kanthi resmi masrahaken kedaulatan Hindia Walanda dhumateng ketua wakil Indonésia, M. Hatta, wonten ing pepanggihan ing Pura Dam, Amsterdam.
Rakyat Walanda remen kaliyan piyambakipun amargi boten njunjung formalitas kanthi saèstu. Putrinipun, Beatrix, malah dipunkenal langkung formal, kados déné ingkang bapa, Pangeran Bernhard.
Ratu Juliana pindhah dhateng Indonésia wonten ing taun 1972 sinambi mbekta "olèh-olèh", antawisipun naskah manuskrip Kakawin Nagarakretagama. Naskah lontar punika asalipun saking Lombok lan dumugi ing Walanda amargi dipunjarah déning KNIL rikala taun 1894, nalika bala Walanda ngasorake Lombok.
Éwadéné sampun ngundhuraken dhiri saking pulitik wiwit taun 1980, piyambakiun taksih aktif wonten ing babagan sosial dumugi taun 1995.
Lan piyambakipun ingkang minangka Ratu Walanda ingkang pungkasanipun ngakuni kedaulatan nagara Indonésia sasampuning pepanggihanipun kaliyan Mohammad Hatta wonten ing pamungkasan Diplomasi wonten ing Konferensi Meja Bundar ing kutha Den Haag, nalika tanggal 23 Agustus dumugi tanggal 2 November 1949.