Kadomatsu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kadomatsu (門松, Kadomatsu?) inggih punika rerenggan (rerenggan) Taun énggal ing Jepang wujud pang godhong pinus lan tugelan pring ing ngajengipun lawang kanggé mlebet griya utawi gedhong. Kadomatsu dipunpajang kanthi pasangan, kadomatsu kakung ing sisih kiwa lan kadomatsu èstri ing sisih tengen. Kala rumiyin tiyang Jepang pitados bilih Kami mapan wonten ing nginggilipun wit. Nalika taun énggal, dipunpitadosi bilih arwah para leluhur kondur marang griyanipun awujud Toshigami (déwa taun),saéngga duginipun dipunsambut mawi kadomatsu ingkang dados papan nyipeng déwa nalika taun énggal [1].